Kamis, 12 Februari 2015

Guyon Suroboyonan ( Telek Pitik )

Dokter Telek pitik ( Obat Segala Penyakit )



# Ngancani udan sore2... ## Nek repost sepurane yoh...
"Nang daerah Kenjeran, ono klinik jenenge klinik TONGPES. Nang kono ditulisi, sopo ae sing berobat gak waras, duwite dibalekno sampek 5 kali lipat. Saben dino klinik iku rame terus gara2 slogane menjanjikan, tapi yo ngono, saben berobat nang kono, pasienne mesti waras, durung tau ono pasien sing komplain, gara2 gak waras. Weruh ngono Bondet iseng2 pingin berobat mrono, ben klinike gak iso nangani, duwite iso mbalik 5 kali lipat. Deweke ngarang penyakit sing kiro2 aneh, sing wong durung tau krungu. Bondet : "Bib, aku iki kok duwe penyakit aneh yo?" Tabib : "Penyakit opo cak?" Bondet : "Iki loh bib, aku ben mangan, cangkemku kok gak kroso opo2. Pedes, asin, legi, gak kroso blas" Tabib : "Owalah, iki ngono penyakit gampang diwarasno. Mei Lin, tulung jupukno obat nomer 7" Tabib : "Iki cak, obate sampeyan ombe saiki. Ono perubahan opo gak?" Bondet (Aku pura2 gak kroso opo2 ah ben duwit'e iso mbalik), bareng diombe Bondet keceplosan : "Jiancokk, iki ngono dudu obat Bib, tapi telek pitik??'' Tabib : "Wah, berarti kon wis waras, cangkemmu wis iso ngrasakno telek pitik barang" Akhire Bondet mulih karo nggremeng gak mari2. Minggu ngarepe, Bondet iseng2 meneh, pingin berobat nang klinik TONGPES. Bondet : "Bib, aku duwe penyakit aneh" Tabib : "Opo iku?" Bondet : "Ngene Bib. Aku akhir2 iki kok gampang lalian. Jek tas 5 menit ngomong, wis lali sing diomongno'' Tabib : "Walah...gampang iku." Bondet merinding gak karuan. Tabib : "Mei Lin, tulung jupukno obat nomer 7" Bondet : "Bib ojok guyon, aku emoh nek obat nomer 7" Tabib : "Loh opo'o?" Bondet (spontan) : "Iku dudu obat, tapi telek pitik" Tabib : "Lah iku kon eling, Berarti penyakitmu wis waras!!! Bondet : "Wis Bib, gak sudi aku gak katene berobat meneh. Mosok saben nang kene disuguhi telek pitik!!" :)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar